Minggu, 25 Desember 2011

Kumpulan Parikan Desember 2011


Cumi nang kapal kae, nggo digoreng lan dibakar. Ngambungi bantal bae, mulane duwe pacar 


Untune Malih ora dikawat, sanajan kaya kae dadi panguripan. Nyong ora ulih numpak pesawat, jare sinyal tresnaku ngganggu 'penerbangan'.


Monopoli nggo dolanan, ora nganggo duit. Tresnaku kuwe temenan, ora mung nge-tweet.


Boboho numpak taksi, meng taman numpak komidi puter. Nyong ora lombo ora ngapusi, angger nang kamar mandi suaraku kaya .


Sore nginum es cau, bareng-bareng karo tamu. Kowe kudu sinau, sinau nerima angger aku jodhomu.


Jarang sing nganggo wesel, pancen wis ora jaman. Apa kowe ora kesel, mlayu-mlayu bae nang pikiran.


Kutha gedhe Balikpapan, duite akeh pirang trilyun. Nembe njiot sega nggo sarapan, malah kowe tilpun :)


Vokalis Cokelat mbiyen Kikan, siki ganti amarga Kikan ora gelem netep. Jane bisa lunga dhewekan, tapi nggandheng kowe rasane luwih mantep.


Jenenge Iker Casillas, kiper jago sing bisa nepis tendangan pisang. Wis bedhug meh jam rolas, wektune ngaso slonjor wayahe madhang.


Kereta kayu Sultan Agung, warisan budhaya kudu dilestarikna. Nduwe pacar ayu kaya kowe bingung, dolan meng ndi sing ora padha nggatekna.


Endhog bebek amis, tapi angger digawe martabak padha seneng. Nyong jan-jane ceriwis, tapi ndeleng kowe nyong dadi meneng.


Wis gedhe deneng tesih nge-dot, pancen ngisin-ngisini ramane. Kangen kowe kuwe kaya kencot, dadi ora bisa mikir liyane.


Ngimpi apa NIni Cemplun, bisa ketemu Nikita Willy "Amira". Ngrungokna suaramu liwat tilpun, wis gawe nyong gumbira.


Gathutkaca otote sekang kawat, balunge wesi klebete lurik. Ayune kowe gawe nyong ora kuwat, ora kuwat nahan ora nglirik.

Parikan Ngapak , Apa Sih?

Indonesia adalah negara dengan budaya yang amat kaya. Di antara dari keanekaragaman budaya itu terdapat pantun. Ada banyak daerah di Indonesia yang memiliki budaya pantun, contoh yang paling terkenal adalah Pantun Betawi yang sering menjadi dialog dalam Lenong. 

Di daerah Jawa Tengah pun terdapat kebudayaan pantun, namanya adalah parikan. Parikan adalah pantun dalam Bahasa Jawa-Banyumasan. Tidak seperti Pantun Melayu yang memiliki format "sampiran, isi, sampiran, isi"...Parikan memiliki format "sampiran, sampiran, isi, isi".

Tujuan dari blog ini adalah melestarikan budaya Parikan Ngapak pada khususnya. Selain itu, topik-topik menarik juga akan dibicarakan, tentu saja dalam Bahasa Ngapak.

Wis ya nganggo Bahasa Indonesia-ne, hehe. Kenalna nyong Dawir. Nang blog kiye kaya wis ditulis nang ndhuwur bakalan ditulis parikan-parikan ngapak, uga tulisan-tulisan sing apik liyane. Pokoke ngapak forever. ORA NGAPAK ORA KEPENAK! SING ORA NGAPAK DUPAK!